R. Ng.
RANGGAWARSITA
Sang Pujangga ing Tanah Jawa
Raden Ngabehi Ranggawarsita (14 Maret 1802
– 24 Desember 1873)
kuwi pujangga
pinunjul budaya Jawa saka kulawarga pujangga kraton
Surakarta kang misuwur, yaiku kulawarga Yasadipura. Lair kanthi asma Bagus Burhan
ing tanggal 10 Dina Senen Legi, Wulan Dulkaidah,
Taun Be 1728,
wanci jam 12 awan. Bagus Burhan iku putra pambarep saka Mas Ngabehi
Ranggawarsita (luwih dikenal minangka Pajangswara/Pajangsora), abdi dalem
Panewu Carik Kadipatèn Anom. Ibu Raden Ngabehi Ranggawarsita yakuwi Nimas Ajeng
Ranggawarsita, putri saka Mas Ngabehi Suradirja Gantang kang wasis banget
tembang macapat gaya palaran. Sawisé disapih Bagus Burhan banjur diasuh déning
Empu Tanujaya. Raden Ngabehi Ranggawarsita urip lan diwasa ana ing wewengkon
keluwarga kraton Jawa kang kebak konsèp logika,
ètika,
lan èstètika.
Sawisé umur 12 taun, Bagus Burhan kang
durung bisa maca Kitab Al Qur’an, dikirim
menyang Panaraga saperlu meguru ngaji marang
Kanjeng Kyai Imam Besari ing Gebang Tinatar. Dhasar bocah nakal lan ugungan,
wis luwih saka setaun ngaji, Bagus Burhan durung khatam Al Qur’an. Aja manèh Al
Qur’an, turutan waé uga durung khatam. Sidané, déning pengasuhé yakuwi Ki
Tanujaya, Bagus Burhan diajak ngumbara, lunga menyang tlatah Kedhiri.
Ing pungkasané bali manèh menyang pesantrèn ing Panaraga. Sawisé disrengèni
déning Kanjeng Kyai lan dilulu yèn kepingin dadi warok
Kanjeng Kyai uga sanggup dadi perantara, Bagus Burhan ngrasa isin banget
banjur nangis lan wiwit sadhar dhiri. Amarga isin mulih menyang Surakarta yèn
ora ènggal bisa ngaji, Bagus Burhan banjur nglakoni tirakat, yakuwi kanthi
ngrendhem badan ing Kali Watu jroning patang puluh dina. Sedinane mung mangan
gedhang watu mentah siji. Sawisé tirakat patang puluh dina suwéné, Bagus Burhan
banjur éntuk kanugrahan, dadi bisa lancar ngaji, malah diangkat dadi andelane
Kanjeng Kyai Imam Besari.
Sawisé bali saka Panaraga, Bagus Burhan dipasrahaké supaya
ngabdi marang Gusti Panembahan ing Buminatan. Jroning ngabdi mau Bagus Burhan
bisa mranani penggalihé Gusti Panembahan satemah dinugrahani “pusaka” amanat
saka Sri Pakubuwana III, yakuwi arupa kasektèn kanggo nulak samubarang niyat
ala. Saliyané kuwi uga dinugrahani ngèlmu kendhali kakuwatan jasmani lan rohani
sarta kalantipan panca indra. Pungkasané, ing dina
Senèn Paing tanggal 4 Sapar Taun Alip 1747
utawa kanthi candra taun Amuji suci pandhitaning ratu, Bagus Burhan bisa
diangkat dadi juru tulis Kadipatèn kanthi asma Rangga Pujanganom.
Kanggo njerokaké èlmu lan kawruhe,
Bagus Burhan utawa Mas Rangga Pujanganom banjur lunga meguru menyang padhépokan
Kyai Ajar Sidalaku ing Tabanan,
Bali.
Ing padhèpokan iki Mas Rangga Pujanganom diisi èlmu pandeleng batin. Miturut
Kyai Ajar, yèn èlmu kuwi dipatrapaké bakal bisa ngerti bab kang durung dumadi,
lan Mas Rangga Pujanganom bakal dadi sumber èlmu kawruh lan èlmu kawicaksanan
mula bakal dadi pandhita utawa pujangga negara. Mas Rangga Pujanganom uga
diwedhar naskah-naskah Jawa kuna kang katulis ing ron tal utawa kertas kayu, yakuwi naskah kang digubah
déning para empu,
antara liya naskah Ramadéwa,
Bimasuci,
Baratayuda,
Darmasarana,
Aji Pamasa,
lan sapanunggalané. Naskah-naskah mau isih tinulis jroning Sekar
Ageng, nanging Kyai Ajar bisa mesthèkaké yèn Mas Rangga Pujanganom
bakal bisa njarwakaké jroning basa Jawa kang bisa
dimangertèni déning wong akèh. Karya sastra kang tinulis dening Mas Rangga lan
kawentar antara liya: Serat
Pustaka Raja Purwa, Serat
Sabdatama, Serat Kalatidha,
Serat
Sabda Jati, Serat
Wirid Hidayat Jati, Serat
Jaka Lodhang, Serat
Wedharaga, Serat
Mayangkara, lan Serat
Ajidharma-Ajinirmala.
(Kapethik saking http://jv.wikipedia.org/wiki/Macapat,
kanthi ewah-ewahan saperlunipun.)
SERAT SABDA JATI
R. Ng. Ranggawarsita
Pupuh Megatruh
1. Haywa
pegat ngudiya ronging budyayu,
margane
suka basuki,
dimen
luwar kang kinayun,
kalising
panggawe sisip,
ingkang
taberi prihatos.
2. Ulatna
kang nganti bisane kepangguh,
Galedhehan
kang sayekti,
Talitinen
awya kleru,
Larasen
sajroning ati,
Tumanggap
dimen tumanggon.
3. Pamanggone
aneng pangesthi rahayu,
Angayomi
ing tyas wening,
Eninging
ati kang suwung,
Nanging
sejatining isi,
Isine
cipta sayektos.
4. Lakonana
klawan sabaraning kalbu,
Lamun
obah niniwasi,
Kasusupan
setan gundhul,
Ambebidung
nggawa kendhi,
Isine
rupiah kethon.
5.
Lamun nganti korup mring panggawe dudu,
Dadi
panggonaning iblis,
Mlebu
mring alam pakewuh,
Ewuh
mring pananing ati,
Temah
wuru kabesturon.
6. Nora
kengguh mring pamardi reh budyayu,
Hayuning
tyas sipat kuping,
Kinepung
panggawe rusuh,
Lali
pasihaning Gusti,
Ginuntingan
dening Hyang Manon.
7.
Parandene kabeh kang samya andulu,
Ulap
kalilipen wedhi,
Akeh
ingkang padha sujut,
Kinira
yen Jabaranil,
Kautus
dening Hyang Manon.
8. Yen
kang uning marang sejatining dawuh,
Kewuhan
sajroning ati,
Yen
tiniru ora urus,
Uripe
kaesi-esi,
Yen
niruwa dadi asor.
9.
Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung,
Anggelar
sakalir-kalir,
Kalamun
temen tinemu,
Kabegjane
anekani,
Kamurahane
Hyang Manon.
10. Hanuhoni
kabeh kang duwe panuwun,
Yen
temen-temen sayekti,
Dewa
aparing pitulung,
Nora
kurang sandhang bukti,
Saciptanira
kelakon.
11.
Ki Pujangga nyambi paraweh pitutur,
Saka
pengunahing Widi,
Ambuka
warananipun,
Aling-aling
kang ngalingi,
Angilang
satemah katon.
12.
Para jalma sajroning jaman pakewuh,
Sudranira
andadi,
Rahurune
saya ndarung,
Keh
tyas mirong murang margi,
Kasekten
wus nora katon.
13.
Katuwane winawas dahat matrenyuh,
Kenyaming
sasmita sayekti,
Sanityasa
tyas malatkunt,
Kongas
welase kepati,
Sulaking
jaman prihatos.
14.
Waluyane benjang lamun ana wiku,
Memuji
ngesthi sawiji,
Sabuk
tebu lir majenum,
Galibedan
tudang tuding,
Anacahken
sakehing wong.
15.
Iku lagi sirap jaman Kala Bendu,
Kala
Suba kang gumanti,
Wong
cilik bisa gumuyu,
Nora
kurang sandhang bukti,
Sedyane
kabeh kelakon.
16. Pandulune
Ki Pujangga durung kemput,
Mulur
lir benang tinarik,
Nanging
kaseranging ngumur,
Andungkap
kasidan jati,
Mulih
mring jatining enggon.
17.
Amung kurang wolung ari kang kadulu,
Tamating
pati patitis,
Wus
katon neng lokil makpul,
Angumpul
ing madya ari,
Amerengi
Sri Budha Pon.
18.
Tanggal kaping lima antarane luhur,
Selaning
tahun Jimakir,
Taluhu
marjayeng janggur,
Sengara
winduning pati,
Netepi
ngumpul sak enggon.
19. Cinitra
ri budha kaping wolulikur,
Sawal
ing tahun Jimakir,
Candraning
warsa pinetung,
Sembah
mekswa pejangga ji,
Ki
Pujangga pamit layoti.
(Kapetik saking:
http://sabdalangit.wordpress.com/2009/05/11/serat-sabdajati)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar