Laman

Senin, 01 Juni 2015

Riyati              à Prolog
Nissa’ul           à Mbok Randa          : tua, lembut
Hamzah           à Jaka Tarub              : gagah, tampan
Fikli                 à N. Wulan                : lemah lembut, manja, kalem
Indah               à N. Sari                    : bijaksana, suka menolong
Martini                        à N. Sekar                 : culas, mau menang sendiri
Lia Asih          à N. Asri                   : kemayu, sangat manja

Hal = Teks Drama audio

JAKA TARUB
Babak 1:

(Efek jago kluruk)

Taksih enjing Mbok Randa sampun badhe masak kangge putranipun, JT. Piyambakipun eling menawi lawuh kangge dinten menika sampun telas, lajeng Mbok Randa ndhawuhi JT ingkang taksih tilem supados kesah dhateng wana kangge buru kewan.

MR   : Le, ayo tangi wis esuk. Ndang lungaa ning alas golek menjangan, lawuh kanggo dina iki wis entek.
JT      : hoaaammmm (angob), mangke sekedhap Biyung, kula taksih ngantuk.
MR   : e, e, eee, dikongkon biyunge kok kaya ngono, ayo tangi!
JT      : nggih, nggih, badhe cepak-cepak rumiyin.
15 menit …
JT      : Biyung, Jaka pamit nggih. Mugi-mugi dinten menika Jaka angsal kewan sing dagingipun kathah. Biyung ngatos-atos wonten dalem, ampun tindak pundi-pundi amargi badaniipun saweg boten sekeca.
MR   : Iya, Cah Bagus. Kowe uga sing ngati-ati, aja lali nyuwun marang Gusti muga-muga kowe mulih kanthi slamet.
JT      : nggih, Biyung. Jaka pangkat rumiyin.

Babak II:

JT sampun dumugi wonten ing wana. Piyambakipuin mlampah kanthi alon-alon. Sasampunipun JT mengertos wonten menjangan, lajeng dipunpanah lan dipunbekta wonten ing pinggir lepen. Nalika JT ngaso piyambakipun mireng swanten para wanita ingkang saweg gegojekan. JT ndhelik ing sesuketan sinambi mirengaken para wanita kalawau.

N. Sari             : wahhh ... apik banget ya mbakyu.
N. Wulan         : inggih lho, Mbakyu. Betah kula.
N. Sekar          : halah, kaya lagi wae urip ana ing dunya, sesawangan kaya ngene wis biyasa kanggo aku.
N. Asri            : Mbakyu Sekar menika lho menawi ngendikan kok ngaten. Kersane kemawon ta Mbakyu Sari lan Mbakyu Wulan remen kaliyan papan menika, pancen endah sanget kok kados kula ingkang ayu kinyis-kinyis. Hihi
N. Sekar          : Kowe ngapa cah cilik melu-melu? Dakjiwel mengko rak nangis.
N. Wulan         : wis ta, N. Asri. Ora pareng kaya mangkana marang Mbakyune. Luwih becik awake dhewe cepet-cepet adus mengko kesoren.
N. Sari             : Iya bener apa kandhane N. Wulan, aja ing kene suwe-suwe, mbokmenawa ana manungsa liwat kene kan bisa dadi bebaya.
N. Asri            : ampun kados ngaten, ta, Mbakyu. Kula namung guyon kok dipuntanggepi kados mekaten.
N. Wulan         : yen guyon iku ana watese dhewe, wis saiki cucul wusanane.
N. Asri                                    : Inggih, Mbakyu.
N. Sekar          : Heh! Kok padha gojegan wae ora adus-adus, srengenge wis enggal sumurup iki lho.
N. Sari                         : Iya, N. Sekar iki adhi-adhimu lagi padha cucul wusana. Ayo age
N. Wulan+N. Asri : Inggih, Mbakyu.

Sesampunipun para widadari menika nyelehaken wusana wonten ing sela, JT nyaketi lan mundhut selendhang ingkang warni abrit. Selajengipun JT wangsul marang panggenan kalawau sinambi nengga para widadari siram.

N. Sekar          : ayo ndang dinggo wusanane, saiki langite wis katon peteng. Sesuk-sesuk diteruske maneh yen ana wektu.
N. Wulan         : inggih, Mbakyu Sekar, menika taksih nganggekaken wusananipun N. Asri.
N. Sekar                      : N. Asri iki wis gedhe lho. Ayo cepet, selak peteng langite
N. Wulan         : Inggih, Mbakyu. Lho, selendhangku endi?!!!
N. Asri             : wonten menapa, Mbakyu Wulan?
N. Wulan         : Selendhangku ilang.
N. Sari             : digoleki dhisik N. Wulan.
N. Sekar          : adhuh, kowe ta gawe perkara wae. Aku ora pengin didukani dening kanjeng rama. Luwih becik aku munggah kayangan dhisik.
N. Wulan         : Ampun ngaten ta, Mbakyu. Kula ajrih wonten mriki piyambakan, mangke menawi wonten kewan ingkang mangsa kula kados pundi?
N. Sekar                      : iku perkaramu dhewe, salahmu nyelehake selendhang sembrana ora ditata.
N. Sari             : N. Wulan, apuranen Mbakyumu iki. Mbakyu nduweni tanggung jawab anggone njaga adhi-adhiku kanthi slamet.
N. Asri             : Mbakyu, ngatos-atos nggih.
N. Wulan         : tulung aja tinggalake aku, aku wedii (nangis)

JT kaget amargi para wanita kalawau saged mabur minggah wonten langit. Samenika JT mangertos menawi wanita kalawau widadari. Lajeng JT medal nyaketi N. Wulan.

N. Wulan         : heh! Sapa kowe? Aja cedhak-cedhak aku, lungaa!
JT                                : tenang nimas, aja wedi-wedi! Sapa kowe cah ayu?
N. Wulan         : kula N. Wulan. Kula widadari saking kayangan. Selendhang kula ical. Kula boten saged minggah dhateng kayangan
JT                    : Oh, jeneng kang endah padha rupane. Aku JT. Ngono ta jalarane. Yen ngono aku arep weweh piliyan konggo awakmu nimas.
N. Wulan         : piliyanipun menapa, kangmas?
JT                    : awakmu melu menyang omahku nanging kudu dadi bojoku apa tetep ana kene lan dadi mangsane kewan?
N. Wulan         : (mikir) kula langkung milih ndherek panjenengan kemawon, kangmas. Kula ajrih wonten mriki piyambakan.
JT                                : Yen ngono, ayo mulih bareng
N. Wulan         : inggih, Kangmas.

Babak IV:

(Efek swara ing desa)

Sampun warsa kaping wolu. Kekalih menika sampun kagungan putra ingkang nama Nawangsih. Putra menika dereng mangertos sejatosipun biyungipun. Nawangsih mangertos menawi Nawang Wulan masak ngagem kekiyatan lajeng putranipun lapur kaliyan ramanipun.  Sejatosipun JT duka marang garwanipun amargi N. Wulan ngangge kakiyatanipun wonten ing ngajenge Nawangsih.

N. Wulan         : kangmas, kula badhe umbah-umbah wonten ing lepen sekedhap nanging kula nyuwun panjenengan ampun ngantos mbikak tutup mangsakan menika.
JT                                : Iya nimas, aku ora arep mbukak mangsakanmu. Ati-ati, nimas!

Nalika nawang wulan boten wonten dalem. JT mbikak mangsakan ingkang dipuntilar kaliyan nawang wulan. Nawang wulan mangertos kedadean menika banjur nawang wulan masak malih. Wonten ing lumbung nawang wulan manggihaken slendhang abrit. Nawang wulan duka kaliyan JT.

N. Wulan         : kangmas! kenging menapa panjenengan boten nyaguhi
JT                                : apa tegese omonganmu, nimas? A..a..aaku ora ngerti.
N. Wulan         : panjenengan sampun wantun mbikak mangsakan kula.
JT                    : Nimas, iku kabeh uga salahmu dhewe! Migunakake kekuwatanmu ana ing ngarepe Nawangsih.
N. Wulan         : cekap, kangmas!!! menika selendhang abrit kula ingkang ical, pranyata panjenengan ingkang ndhelikaken. kula badhe wangsul dhateng kayangan.
JT                                : aja! apa awakmu ora melas marang Nawangsih? Nawangsih isih cilik, nimas..
N.sih                           : Biyung, ampun tindak, Biyung.
N. Wulan         : Nawangsih anakku, Bapamu wis ora bisa nyaguhi jangjine dhewe. Biyung kudu lunga.
N.sih                : boten, biyung. Biyung boten pareng tindak wonten pundi-pundi. Bapa, Bapa tulung Bapa, biyung Bapa, biyuung. (nangis sesenggrukan).

(Efek swara angin)

Nawang wulan tetep tindak dhateng kahyangan. Nawang wulan kepanggih kaliyan para sederek. Wulan nyariosaken kahanan ingkang samenika wonten Bumi. Lajeng Nawang wulan diaturi kaliyan para rayinipun menawi kedah tetep wonten bumi. Nawang Wulan pamitan kaliyan sedaya lajeng mandhap dhateng bumi kaliyan Nawang Asri lan Sari. Cariyos pungkasan Nawang wulan, Nawangsih, lan Jaka Tarub saged urip sesarengan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar