NGUNDHUH
“Glek…glek…glek, Hmm.”
Parmin unjal ambegan sawise ngombe banyu putih sing diwadhahi ing botol
aqua kuwi. Dheweke banjur mbukak slepen, njupuk lintingan mbako sing
kari saler. Bal-bul peluke, katon marem anggone udud. Sinambi
leyeh-leyeh ing gubug, Parmin nyawang tanduran jagunge kang wus metu
janggele. Dumadakan wewayangane Painah, kenya kang nate dadi sigaraning
nyawa, kumlebat ngganggu pikirane.
“Pait tenan lelakonku.” Parmin nggresula
dhewe. Ya wis sawatara limang sasi iki Parmin pisah karo Painah marga
konangan yen Painah kedanan bandha juragan mbako lan gampang wae dheweke
didadekake wanita simpenane juragan kuwi. Pancen Painah kuwi ayu, resik
lan modis, ngono jare tangga-tanggane.
“Min, sing uwis ya uwis.” celathune Tukar, tanggane.
“Ya kang, nanging piye ya, saya tak lalekake kok malah tansah kelingan.”
“Wong wadon kaya ngono kok mbok gagas,
cetha-cetha yen tumindake kuwi nistha, nanging ngapa kowe kok susah
temen mikir wong sing uwis karuwan ngidak-idak raimu. Apa kowe pengin
rujuk maneh, ben sesuk saya keblusuk?”
“Aku dhewe ora ngerti kang, ngapa kok
aku dadi muntir, kepengen rasane nuruti senengku. Aku percaya kang, yen
piye wae Painah ki isih tresna marang aku. Kowe rak ya isih kelingan ta
kang, nalika pengadilan ngabulke gugatanku. Painah nglumpruk njaluk
ngapura marang aku lan kandha yen satemene dheweke ora bisa pisah saka
aku.” Wangsulane Parmin karo nyawang manuk loro kang mabur uyak-uyakan
ana sandhuwure tanduran sawahe.
“O alah Parmin, Parmin. Donya ki isih
jembar ya Min, yen mung wanita kaya Painah wae akeh tunggale, malah akeh
sing luwih apik.”celathune Tukar karo ngguyu ngakak lan lunga
ninggalake Parmin dhewekan.
Parmin mung bisa meneng, ing batine
ngandhakake yen dheweke isih seneng marang Painah nanging ya ora
kepengin apa kang dikandhakake Tukar kuwi sesuke bakal kelakon.
*****
“Mas, mas, mas Boni.” swarane Painah
nggugah juragan mbako kang lagi enak-enake turu kuwi. Dheweke wis tangi
dhisik lan uwis adus. Karo nyaput raine sing alus kuwi, Painah nglirik
Boni sing isih ngleker turu.
“Tangi ya mas, uwis awan ayo enggal bali.”
Saya kenceng anggone nggugah juragan mau. Ya ing hotel berbintang kuwi wong sakloron ngentekake wengi andum asmara nganti ora ngerti yen sumunare surya ungak-ungak cendhela.
“Ngapa ta, rame ngganggu wong turu wae!” Wangsulane Boni, sengol.
“Mas, iki uwis awan, ayo enggal bali
isih akeh ta pakaryan sing durung sampeyan rampungake. Mas, sampeyan aja
nesu ya.” kandhane Painah ndadekake Boni kaget.
“Ngapa ta? Ngomong wae njaluk blanjan
pira.” wangsulane Boni karo ngetokake dhompete. Biasane rasah ditagih
wae cul ora owel, dhuwit blanjan kanggo Painah mesthi metu ya paling
sithik atusan ewon limang lembar.
“Mas wis telung sasi iki aku ora, ora nggarapsari. Lan mas Boni dhisik saguh ngijabi aku ta?”
“Lho, nanging rak ora mung karo aku ta? Mbok menawa kuwi winihe bojomu dhisik.”
“Ora, ora mas, nalika pisah wulan wingi lancar-lancar wae, nanging iki ….” Painah bingung lan gugup.
“Ora bisa! aku ora urusan, sapa dhisik sing njalari?”
“Mas, sampeyan ki wong lanang piye ta? Kok bisa mas sapenakke dhewe karo aku, banjur piye iki mas?”
“Sing cetha aku ora sudi ngakoni kuwi
kabeh, lan janji yen aku arep ngijabi kuwi tak jabel. Kowe ngerti ta yen
bojoku ki ya lagi ngandhut? Wis, ora bisa!” Boni nguncalake dhuwit
atusan ewon pitung lembar lan dheweke mblarat metu kamar, banjur
nggenjot motor nggeblas ninggalake Painah dhewekan. Painah bingung kaya
patung, ora let suwe dheweke banjur nyulet rokok putihe.
*****
Esuk kuwi Parmin ngindhangi tanduran
jagunge. Dumadakan ana motor sing mandheg ing ngarepan omahe. Gage
Parmin mlayu niliki sapa pawongan sing mandheg ing ngarepan omahe mau.
Painah nyedhaki omah kang wis nate dienggoni bebarengan karo Parmin
nalika isih bebrayan kuwi. Ing batine, dheweke pengin urip bebarengan
kaya wingi maneh. Parmin mbukak lawang ngarep.
“Mas, Min!!!” swarane Painah rada kaget
weruh blegere priya kang wis rong taun bebrayan karo dheweke kuwi. Wong
loro kuwi padha pandeng-pandengan suwe. Parmin ngulati Painah sing wis
buncit kuwi.
“Kowe….” ukara kuwi durung rampung nedya disaut Painah.
“Iya mas, iki pancen kudu tak tanggung dhewe.” Painah nangis sesenggukan, nanging babar blas ora digape dening Parmin.
“Geneya ngerti! Blang.” Parmin
nutup lawang. Jane mono Parmin ya isih seneng, nanging bareng weruh
kahanane Painah, rasa kuwi ilang sanalika. Anane mung rasa nesu, kuciwa
lan sengit kepati-pati marang kenya mau. Batine mbenerake omongane
Tukar, wong wadon kaya kuwi mung arep ngidak-idak raine wong lanang.
Mari sedhela mesthi kumat besuke, ngono kantebane Parmin. Painah mung
bisa nangis lan lunga saka omah kuwi.
*****
“Hm, hm…” swara dhehem kuwi nggawe mandheg lakune Painah.
“Mampir, kene lho, ora sah nangis.”
Swarane Tukar, ya tanggane biyen nalika Painah isih dadi bojone Parmin.
Ngerti Tukar mbukakke lawang, Painah banjur mlebu. Tukar nggawekake teh
manis lan nyepakake camilan saperlune. Wong loro kuwi banjur crita
ngalor ngidul nganti ora krasa yen wis wengi.
Krasa ngantuk Painah teturon ing dhipan
papan kanggo ngobrol kuwi. Saya wengi wong sakloron tansaya sembrana
anggone ngobrol lan gojegan. Malah nganggo jawil-jawilan barang. Wektu
kuwi Tukar mung bisa mbatin “Wong wadon ayu ngene kok padha disia-sia
ta?” ngono batine Tukar.
“Lho, jam yahene garwa sampeyan kok durung bali ta kang?” pitakone Painah karo angop sajak ngantuk tenan.
“Oh, mau pamit bali sesuk, awit nunggoni
babaran adhine. Ya pisan-pisan ora turu karo bojone ya rapapa ta?”
wangsulane Tukar mancing-mancing kahanan sing ora bener.
“Ya aja ngono ta kang, aku tak pamit
bali ya kang.” Durung nganti menyat tangane Painah wis digeret lan
digandheng Tukar lungguh maneh.
“Aja ta kang, apa tega ta nyawang aku
kaya ngene. Iki malah arep nambah-nambahi perkara maneh.” Painah krasa
yen bakal arep ana kedaden sing ora dikarepake maneh. Nanging nyatane
Painah ora kuwawa nampik kanyatan wengi kuwi. Wong sakloron ora bisa
ngendheg nepsune. Tukar gage nguntabake rasa kang sanyatane suwe
dipendhem dhewe. Ya, nalika isih dadi garwane Parmin, Tukar mung bisa
ngampet rasa tresnane marang kenya mau. Wengi kang endah dadi reged,
panas, lan sumpek. Tanpa dimangerteni wong sakloron mau, Parmin lan
tangga-tanggane siaga ngrampungake undhering perkara wengi kuwi. Ya,
wong sakloron kang lagya andum asmara mau digrebeg dening warga. Tanpa
busana wong sakloron di arak menyang kantor kelurahan.
“Sokur, rasakna!” celathune Parmin karo nyedhot udud siong sinambi ngicipi godhogan jagung pekarangane (Maryun-Mer).
*****
Tidak ada komentar:
Posting Komentar