Laman

Selasa, 10 Desember 2013



TEMBUNG CAMBORAN

Tembung camboran: tembung loro kang beda tegese dianggo
bebarengan nuwuhake teges anyar.
Tuladha:  Raja kaya: raja(ratu): kaya(pametu/asil): kewan ingon-ingon
sikil papat: sapi, kebo, wedhus
1  raja brana (barang-barang pangaji: kekayaan)
2.    semar mendem (jeneng panganan digawe saka ketan)
3.    bala pecah (piring, gelas)
4.   naga sari (jeneng panganan digawe saka tepung beras
diiseni gedhang)
5.    Imogiri (jeneng papan)
6.   mata sapi (endhog ceplok)
7.    mata kebo (panganan saka tela disisi
enten-enten(klapa + gula jawa)
8.   Gulu banyak (sambungan antarane porok karo stang)
9.   Wanasaba (jeneng papan)
10. mata itik (bolongan ing benik)

                  mata itik


TEMBUNG KOSOK BALEN (ANTONIM)

Tembung kosok balen: Tembung kang duwe teges lelawanan
1.    Sregep >< kesed
2.    Seneng >< susah
3.    Bekti >< duraka
4.   Begja >< cilaka
5.    Dhuwur >< cendhek/endhek
6.   marem><gela
7.    akeh>< sithik/sethithik
8.   nyuwun >< paring
9.   begja >< cilaka
10. rendheng >< ketiga
11.  adol >< tuku
12. mundhak >< mudhun
13. sregep >< kesed
14. rawuh >< tindak
15. teles >< garing

Tidak ada komentar:

Posting Komentar