Laman

Selasa, 10 Desember 2013




           WANGSALAN
Wangsalan: Unen-unen kang surasane memper cangkriman, nanging batangane wis disebutake pisan sanajan mung sinandi (ora diblakakake)
Tuladha:
1.    Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
Ron (godhong)mlinjo: godhong mlinjo: so
2.    Jenang gula ya ndhuk, kowe aja lali.
Jenang gula : gulali/glali
3.    Wah mbok ora ngeyong kali, ngece!
keyong kali: ece
4.   Lagi nggodhong gedhang garing kang. Lagi nglaras ngombe nasgithel ngrungokake campursari.
Godhong gedhang garing: klaras
5.    Kethek putih wong anom aja wedi kangelan
Kethek putih: anoman
6.   Janur gunung : aren
7.    lemah bengkah: tela
8.   Kowe ki ngedom kreteg, ngaku-aku dudu duweke.
edom kreteg: paku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar