Laman

Sabtu, 14 Desember 2013



ANDHE-ANDHE LUMUT
Andhé Andhé Lumut yaiku cerita rakyat saka Jawa. Cerita iki dikenal ing pirang-pirang vèrsi. Vèrsi sing akeh dikenal yaiku versi dadi sijiné Krajan Jenggala lan Krajan Kediri. Nalika semana ing Jawa Wetan ana loro krajan sing kembar, yaiku krajan Jenggala sing dipimpin déning Raja Jayengnegara lan Krajan Kediri sing dipimpin dening Raja Jayengrana. Miturut carita, biyèn keraton loro kuwi mapan ing sadhaerah kang diarani Kahuripan. Kaya pesené Airlangga sadurungé séda, rong kraton kuwi kudu didadékaké siji lumantar jejodhohan antarané rong krajan supaya ora ana paprangan antarané rong krajan kuwi. Pungkasané Panji Asmarabangun (anaké Jayengnegara) didhaupake karo Sekartaji (anaké Jayengrana).
Ing sawijining dina, Krajan Jenggala diserang dening krajan mungsuh. Nalika paprangan, putri déwi Sekartaji mlayu lan ndhelik ana ing désa sing adoh saka Jenggala. Kanggo kaslametané dhéwéké nyamar dadi wong désa lan ngabdi marang randha sugih sing jenengé Nyai Intan. Nyai Intan duwé anak prawan 3 sing kemayu kabèh, yaiku Klething Abang, Klething Ijo, lan Klething Biru. Dewi Sekartaji banjur dijenengi Klething Kuning dening Nyai Intan. Ing omahé Nyai Intan, Klething Kuning dikongkon resik-resik omah, umbah-umbah, lan liya-liyané. Dheweké kerep diseneni dening Nyai Intan lan dibeda-bedakaké karo sedulur-sedulur liyané. Dheweké uga diwenehi mangan sedina sepisan.
Sawetara iku, ing Jenggala, Panji Asmarabangun sakwadyabalané bisa ngalahaké mungsuh. Nanging panjenengané tansah duka amarga bojoné ilang ora ngerti parané. Sakwisé kahanan Jenggala aman, Panji Asmarabangun banjur goleki bojoné. Nanging sakdurunge dheweke mrentah wadyabalané supaya nggoleki lungané Dewi Sekartaji. Panjenengané oleh laporan menawa ing salah sawijining kampung ana prawan kampung sing mbabu ing omahé randha sugih. Keprungu laporan kuwi, Pangeran banjur nyamar dadi pangeran sing lagi golek bojo. Esuké, panjenengané banjur mangkat karo wadyabalané menyang desa Dadapan, desa sing mung keletan kali Bengawan Solo karo desa sing dipanggoni dening Dewi Sekartaji. Ing desa kono, Panji Asmarabangun nyamar dadi Andhé Andhé Lumut lan manggon ana ing omahé mbok randha. Ngesuké, panjenengané mrentah supaya ngumumaké yen panjenengané arep nganakaké sayembara golek permaisuri. Pawarta kuwi langsung tekan ing omahé Nyai Intan, Klething Abang, Ijo, lan Biru bungah banget, dheweké arep dandan sak ayu-ayuné kanggo teka ing sayembara kuwi.
Klething Kuning ora melu sayembara amarga dheweké isih setya marang Panji Asmarabangun, sanajan dheweké ora ngerti bojoné isih urip apa wis mati ing paprangan. Nalika dheweké umbah-umbah, ujug-ujug ana manuk Kuntul (Bangau) sing bisa ngomong, Kuntul kuwi ngomong supaya Klething Kuning mara menyang desa Dadapan amarga ing kana ana bojoné Panji Asmarabangun. Durung nganti Klething kuning ngomong, Kuntul mau wis mabur maneh. Ora mikir suwe, Klething Kuning banjur bali menyang omah siap-siap lan mangkat menyang Dadapan. Sauntara iku, ibuné lan sedulur-seduluré wis tekan pinggir kali Bengawan Solo. Ana ing pinggir kali Nyai Intan lan anak-anaké bingung amarga ora ana prau kanggo nyebrang kali. Banjur ana Yuyu Kangkang kang saguh nulungi, nanging Yuyu Kangkang njaluk diambung. Miturut carita Yuyu Kangkang kuwi utusané Panji Asmarabangun supaya nguji wong sing arep melu sayembara. Klething Abang lan sedulur-seduluré banjur gelem diambung supaya bisa liwat kali kuwi.
Ora let suwe, Klething kuning teka. Yuyu Kangkang banjur marani Klething kuning lan ngomong yen dheweké gelem nulungi Klething Kuning nanging syaraté dheweké njaluk diambung. Amarga Klething kuning isih setya marang bojoné dheweké ora gelem, nanging tetep njaluk ditulungi. Wis kaping pirang-pirang Klething Kuning njaluk tulung, nanging Yuyu Kangkang tetep ora gelem. Klething Kuning banjur nyabetaké teken sing digawa. Ajaib, banyu kali banjur surut. Weruh kadadeyan kuwi Yuyu Kangkang banjur wedi, dheweké banjur gelem ngeteraké Klething Kuning tekan omahé Nyai Randha Dhadhapan. Saktekané omahe Nyai Randha Dhadhapan, dheweké banjur ketemu sedulur-seduluré. Ora let suwe, sayembara diwiwiti, Klething abang, Biru, lan Ijo genténan mameraké ayuné marang sang Pangeran, nanging kateluné ditolak kabeh dening Pangeran.
Ora ngira Klething kuning sing elek dhewé dandanané malah diangkat dadi permaisuriné. Klething Kuning dipilih amarga lolos uji saka Yuyu Kangkang. Andhe-Andhe lumut banjur mbukak penyamarané yen sejatiné dheweke kuwi Panji Asmarabangun lan Klething kuwi sejatine Galuh Chandra Kirana bojoné. Kekaroné banjur bali menyang Kraton Jenggala.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar