BAB SERAT KALATIDHA
Serat Kalatidha iku
sawijining tembang anggitané Ranggawarsita. Isiné perkara pasambatané yèn ing
jaman samono wong kudu mèlu-mèlu perkara sing kalebu ala supaya bisa ‘maju’.
Tembang macapat iki kabèh ing pupuh Sinom
lan ana 12 pada gunggungé. Karya sastra iki ditulis kurang luwih taun 1860
Masehi. Kalatidha kuwi salah siji karya sastra Jawa kang kawentar. Malah
nganti saiki isih akèh wong Jawa, utamané
kalangan tuwa kang isih apal paling ora sapada tembang, yakuwi pada kapitu.
Kalatidha kuwi
dudu karya Rangga Warsita kang paling dawa. Syair iki gunggunge mung ana 12
jroning metrum Sinom. Kala tidha sacara harafiah tegesé
“jaman édan”, kaya kang ditulis déning Rangga Warsita dhéwé. Kocap kacarita,
Rangga Warsita nulis syair iki nalika pangkaté ora diundhakaké kaya kang
dikarepaké. Banjur panjenengané gawé generalisasi saka kahanan iki, lan
nganggep sacara umum yèn jaman nalika semana minangka jaman édan
lan krisis. Wektu kuwi Rangga Warsita minangka pujangga
karajan ing Kraton Kasunanan Surakarta. Panjenengané
kuwi pujangga panutup utawa “pujangga pungkasan”, awit sawisé kuwi ora ana
“pujangga karajan” manèh.
Syair Kalatidha bisa dipérang dadi
telung bagéan, yakuwi: bagéan kapisan arupa pada 1 nganti 6, bagéan kaloro
arupa pada 7, lan bagéyan katelu arupa pada 8 nganti 12. Pérangan pisanan
yakuwi mangsa
kang miturut Rangga Warsita arupa kahanan tanpa prinsip. Pérangan kaloro isiné
katekadan lan mawas dhiri.
Pérangan katelu isiné sikap kang taat marang agama
jroning masarakat. Ing ngisor iki cakepan tembang macapat kang kapethik saka
Serat Kalatidha:
Pada 1-6
Mangkya darajating praja, kawuryan wus sunyaruri, rurah pangrehing ukara, karana tanpa palupi, atilar silastuti, sarjana sujana kelu, kalulun kala tidha, tidhem tandhaning dumadi, hardayèngrat dening karoban rubéda.
Ratuné ratu
utama,
patihé patih linuwih, pra nayaka tyas raharja, panekaré becik-becik, parandéné tan dadi, paliyasing kala bendu, mandar mangkin andadra, rubéda kang ngreribedi, béda-béda ardaning wong sanegara.
Katetangi tangisira,
sira sang paramengkawi, kawilet ing tyas duhkita, kataman ing rèh wirangi, déning upaya sandi, sumaruna anarawung, mangimur manuhara, met pamrih mèlik pakolih, temah suka ing karsa tanpa wiwèka.
Dhasar karoban pawarta,
bebaratan ujar lamis, pinudya dadya pangarsa, wekasan malah kawuri, yen pinikir sayekti, pédah apa anèng ngayun, andhedher kaluputan, siniraman banyu lali, lamun tuwuh dadi kekembanging béka.
Ujaring panitisastra,
awewarah asung péling, ing jaman kenèng musibat, wong ambeg jatmika kontit, mangkono yèn nitèni, pédah apa amituhu, pawarta lolawara, mundhak angreranta ati, angurbaya angiket caritèng kuna.
Keni kinarya darsana,
panglimbang ala lan becik, sayekti akèh kewala, lelakon kang dadi tamsil, masalahing ngaurip, wahananira tinemu, temahan anarima, mupus pepesthèning takdir, puluh-puluh anglakoni kaélokan. |
Pada 7
Amenangi jaman édan,
éwuh aya ing pambudi,
mèlu edan nora tahan,
yèn tan mèlu anglakoni,
boya kaduman mèlik,
kaliren wekasanipun,
ndilalah karsa Allah,
begja-begjané kang lali,
luwih begja kang éling lawan waspada.
éwuh aya ing pambudi,
mèlu edan nora tahan,
yèn tan mèlu anglakoni,
boya kaduman mèlik,
kaliren wekasanipun,
ndilalah karsa Allah,
begja-begjané kang lali,
luwih begja kang éling lawan waspada.
Pada 8-12
Semono iku bebasan,
padu-paduné kepéngin,
enggih makaten man Dhoplang,
bener ingkang angarani,
nanging sajroning batin,
sejatine nyamut-nyamut,
wis tuwa arep apa,
muhung mahas ing asepi,
supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma.
Béda lan kang wus santosa,
kinarilan ing Hyang Widhi,
satiba malanganèya,
tan susah ngupaya kasil,
saking mangunah prapti,
Pangeran paring pitulung,
marga samaning titah,
rupa sabarang pakolih,
parandéné maksih taberi ikhtiyar.
kinarilan ing Hyang Widhi,
satiba malanganèya,
tan susah ngupaya kasil,
saking mangunah prapti,
Pangeran paring pitulung,
marga samaning titah,
rupa sabarang pakolih,
parandéné maksih taberi ikhtiyar.
Sakadaré linakonan,
mung tumindak mara ati,
angger tan dadi prakara,
karana wirayat muni,
ikhtiyar iku yekti,
pamilihing rèh rahayu,
sinambi budidaya,
kanthi awas lawan éling,
kang kaèsthi antuka parmaning Suksma.
mung tumindak mara ati,
angger tan dadi prakara,
karana wirayat muni,
ikhtiyar iku yekti,
pamilihing rèh rahayu,
sinambi budidaya,
kanthi awas lawan éling,
kang kaèsthi antuka parmaning Suksma.
Ya Allah ya Rasulullah,
kang sipat murah lan asih,
mugi-mugi aparinga,
pitulung ingkang martini,
ing alam awal akhir,
dumununging gesang ulun,
mangkya sampun awredha,
ing wekasan kadi pundi,
mula mugi wontena pitulung Tuwan.
kang sipat murah lan asih,
mugi-mugi aparinga,
pitulung ingkang martini,
ing alam awal akhir,
dumununging gesang ulun,
mangkya sampun awredha,
ing wekasan kadi pundi,
mula mugi wontena pitulung Tuwan.
Sageda sabar santosa,
mati sajroning ngaurip,
kalis ing reh aruraha,
murka angkara sumingkir,
tarlèn meleng malat sih,
sanityasa tyas mamasuh,
badharing sapudhendha,
antuk mayar sawatawis,
Borong angga sawarga mèsi martaya.
mati sajroning ngaurip,
kalis ing reh aruraha,
murka angkara sumingkir,
tarlèn meleng malat sih,
sanityasa tyas mamasuh,
badharing sapudhendha,
antuk mayar sawatawis,
Borong angga sawarga mèsi martaya.
(Kapethik saking: http://jv.wikipedia.org/wiki/Macapat, kanthi
ewah-ewahan saperlunipun).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar